Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Teks Singkat Mc Tahlilan Bahasa Jawa

Mc

السالم عليكم ورمحة هللا و بركته

Alhamdulillahi rabbil alamin asholatu wassalamu ‘ala asyrafil ambiya’ wal mursalin  sayyidina wamaulana muhammadin wa ‘ala alihii wasahbihi wasallim, ama ba’ad. 
  1. Hadrotil kirom para alim ulama’, bapak kyai, ingkang kula bekteni 
  2. Shohibul bait, Ibu/bapak……….. sekeluarga ingkang kulo mulyakaken
  3. Para sederek jamaah tahlil rahimakumullah. 
Kaping setunggal sumangga kita ngaturaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah  SWT, kanthi waosan Alhamdulillahirobbil ‘Alamiin ing wekdal punika kula lan  panjenengan sedaya taksih pinaringan pinten-pinten nikmat saking Allah SWT. 

Kaping kalih Sholawat serta salam mugi tansah katur konjuk dumateng Kanjeng Nabi  Muhammad SAW, kanthi waosan Allahumma Sholli ‘Ala Sayyidina Muhammad. Nabi  ingkang sampun beto kito awit zaman jahiliyyah dumugi zaman terang betho agami  islam. 

Hadirin para rawuh jamaah tahlil ingkang minulya, teng mriki kulo minangkani  sesulihipun Ibu/bapak………….. ngaturaken matur nuwun kerawuhanipun para jamaah  sedaya, 

Selajengipun ing wekdal punika para jamaah dipun aturi wonten mriki, sepindah dipun  suwuni tambahipun doa tahlil ingkang manfaatipun dipun tujuaken dumateng kanjeng  nabi Muhammad SAW, lan mugi-mugi angluberi dumateng hajatipun Ibu/bapak………..  ing wekdal punika kirim doa dumateng Ila Ruhhi…………..(sebutkan nama kiriman  leluhur). 

Mugi-mugi arwah ingkang kasebat tansah pinaringan fajar marginipun, jembar  maqomipun, lan dipun papakaken wonten ing suwarganipun Allah SWT. Amiin. 
Wendene imam tahlil kula aturaken dumateng……….. 

Cekap semanten anggenipun kula matur, katah lepatipun kula nyuwun pangapunten,

و السالم عليكم ورمحة هللا و بركته